Senin, 23 Nov 2026
​Sapa Jemaat di Minggu Kasih, Kanit Intelkam Polsek Kenjeran AKP Dwi Raharjo Ingatkan Orang Tua Cek Ponsel AnakTiga TR Kapolri Terbit, Pucuk Pimpinan 11 Polres Strategis di Jawa Timur Resmi BergeserRotasi Cepat di Polres Pamekasan, AKBP Bayu Anuwar Gantikan AKBP Wahyu HidayatCegah Kejahatan 3C di Akhir Pekan, Polsek Semampir dan Satpol PP Sisir Jalur Rawan Dini Hari"Adu Cepat Dua Jam, Anggota DWP Rutan Surabaya Racik Kuliner Nusantara"Wujud Pelayanan Prima, Jajaran Polsek Semampir Sigap Seberangkan Peziarah Ampel dan Imbau Jaga Barang BerhargaSUBUH KELILING, WAKAPOLRES BANGKA BARAT KOMPOL SINGGIH PERKUAT SILATURAHMI DAN AJAK MASYARAKAT JAGA KAMTIBMASGonjang - Ganjing Pertaruhan di Kursi Wakil Presiden
Home › Peristiwa

Kakehan Polah, 29 Pelaku Curat, Curas, lan Curanmor Dicokot Polres Tanjung Perak

Jumat, 13 November 2026 16:20 WIB

1 minggu lalu10Redaksi LPN
Kakehan Polah, 29 Pelaku Curat, Curas, lan Curanmor Dicokot Polres Tanjung Perak

SURABAYA – Awas, rek! Wilayah Tanjung Perak saiki tambah sangar gawe para pelaku kejahatan. Polres Pelabuhan Tanjung Perak gayane gak gawe dolanan maneh. Lakone maling-maling sing nyoba gawe ulah neng wilayah Perak resmi dipethik!

Neng kurun waktu tanggal 10 Oktober sampek 7 November 2026, pas Operasi Sikat Semeru 2026 lan Kegiatan Rutin Yang Ditingkatkan (KRYD), korp baju coklat iki sukses nyikat 20 Laporan Polisi (LP) sing isine kasus curat (maling awas), curas (maling nggawe kekerasan), lan curanmor (maling motor).

Gak tanggung-tanggung, rek! Khusus gawe Target Operasi (TO) Sikat Semeru 2026 sing dipasang 5 titik, kabeh 100 persen amblas dicekel. Total onok 12 Laporan Polisi karo 11 tersangka sing dikandangno. Ditambah maneh teko KRYD khusus curanmor, ana 8 Laporan Polisi karo 13 tersangka sing diobok-obok. Dadi total sakabehe, ana 20 Laporan Polisi lan 29 tersangka sing saiki gak iso mlayu endi-endi, kelebu 2 wong residivis sing jane wis tau mlebu "sekolah" (penjara).

"Wani-wani nekat nang wilayah Perak, tak sikat tenan!" gambaran teko ketegasan jajaran kepolisian.

Moduse para maling iki yo macem-macem. Sing motoran, motore uwong digondol mboh mbrobOS nganggo ngerusak kunci kontak. Sing curat, mbrobOS mlebu omah uwong. Sing curas, nggowo ancaman sampek main tangan nang korban.

Saiki, kabeh tersangka wes gak iso cengangas-cengenges maneh. Arek-arek iki dijerat pasal lapis baja teko KUHP baru: Pasal 477 UU No. 1 Tahun 2023 (ancaman 7 taun penjara) karo Pasal 479 UU No. 1 Tahun 2023 (ancaman minimal 7 taun sampek 15 taun penjara).

Kapolres Pelabuhan Tanjung Perak ngekeksi wanti-wanti keras gawe sopo ae sing duwe niatan elek nang tlatah pinggir pesisir iki:

“Wes jamane gak usah nggawe onar neng Perak. Awak dewe bakal terus serius njogo keamanan lan kondusifitas. Gak ono panggonan gawe maling-malingan nang kene. Nekat? Aku bakal tumindak tegas lan terukur!” ujare Bapak Kapolres pas mimpin press conference dirantu Kasat Reskrim, Kasi Humas, lan jajaran Polsek.

Pesan penting gawe warga Surabaya, khusususe arek-arek Perak: ayo jogo motor lan omah dewe-dewe! Parkir motor sing aman, pasang kunci ganda, ojok lali lek eruh gerak-gerik sing nyurigakno langsung telpon utowo laporkan nang kantor polisi terdekat. Ojok diantem dewe, ben disikat polisi!. (tok)

Kakehan Polah29 Pelaku CuratCuraslan Curanmor Dicokot Polres Tanjung Perak

Berita Terkait